Rabu, 08 Agustus 2012

Cerita Suka Duka Aremania Rantau (1)






Cerito Arema di Rantau Merindukan Aremania Community
Sebagai orang ngalam isla ayas sing uadoh ndek paran gak osi ngapusi, karo opo sing onok ndek njero ati. Eleng waktu iku jaman sik ndek malang,… (nenjap) Taon 1990-1993 karo arek2 budal nang GAJAYANA ndelok MECKY TATA cs ( gawe kaos ireng tulisane AREMA ndek dada kelir putih) walaupun mulih kadang2 yo,…. ditarget karo kera ngalam dewe ( kenangan pahit sing saiki dadi manis ).
Soale jaman iku kan jek jaman kegelapan bagi AREMANIA heheheheheh ….( blm seperti sekarang sudah terkoordinir ) padahal lek dipikir2 podo aremania ne. ( heheheheh lucu yo,… ?) Tapi yo gak popo kenek digawe crito.
Moleh tekok gajayana langsung nang Jl. Sawunggaling Kepanjen (saiki embuh dadi jalan opo ? ) ndek kono onok warung kopi, karo ngopi omong2an, yo onok sing ngomonge gak enak “gae opo ndelok bal ae adoh2 nang malang…., tapi yo onok sing ngertakno yok opo Nganem gak ?” Lha wong jenenge seneng karo AREMA ( masyo kalahan ) aku gak peduli mek mental kudu rodok kandel titik soale sak liyane duwit cukup gawe numpak karo tuku tiket yo,… ketir2 lek ditarget arek2 dewe. ( lak moleh Mlaku,…….. hueehehehehhehee )
Lha ndek paran kene rek,… aku wis onok pirang2 taon ( uakehhh taon ) gak tau ndelok Bal langsung ndek STADION ( ndelok mek liwat TV ikupun lek AREMA sing maen) tapi yo ngono ojok salah masyo aku ndelok ndek omah yo ngawe soak AREMA. Onok roso sing gak iso tak UNGKAPNO waktu ndelok liwat TV, lek AREMANIA kesorot TV koyok2 aku kudu mencolot mlebu TV gabung karo arek2 (koyok wong gendeng yo,… ) gak popo !
Dadi intine memang AREMA gak Kemana-mana Tapi ada Dimana-mana memang terbukti ! cuma kadang yo onok wis ngerti podo2 gawe soak AREMA aku nguyu wong nge mlengos,….. ! ( wuik,… sombonge wong iki wong malang tenan ta kaos e thok ), lha sing lucu maneh aku tau ketemu karo sing gawe soak arema bareng tak jak ngomong osob kiwalan tibakno arek Flores yo gak popo sih,.. (aku bangga ternyata AREMANIA duduk wong ngalam thok ) tapi isine rek,….. aku diguyu-guyu karo wong sak ANGKUTAN UMUM ( kok pas sing numpak akeh wong jowone )
Yo wis rek yo,…. AYO sing Rukun ( nebar Perdamaian ndek endi ae ) lha liwat ONGISNADE.NET iki salam ae gawe AREMANIA2 SEJATI,
SALAM
DIMANAPUN DAN SAMPAI KAPANPUN AREMA TETAP BERKARYA
aku sing wis pirang2 taon gak moleh,……..
aku sing wis suwe,…… gak tau kumpol konco2 arema liyane,…
aku sing wis suwe,…. gak ngambah stadion,…..
Ojo disalah artekno, …………..
Aku,….. Tetep AREMANIA


1. sam,,,,ayas yo podho karo sampeyan…
padahal ayas gak adoh-adoh banget teko Bhumi Arema, mek ndek jember. tapi yo wes juarang banget ndelok Arema niam ndek stadion…
wes 5taon ayas kuliah ndek kene, emang dasare kuliah ndek fakultas kesehatan…dadi uripku entek ndek rumah sakit terus…
pancene ngono sam,,,,kenangan2 ndisik lek dieleng-eleng, trus opo maneh lek ndelok Arema niam ndek tv, aku jan koyok wong gendheng…kepengen melok nawak-nawak AREMANIA berkreasi bareng sam Yuli…
tapi sampean wes lawas yo sam,,,jamane micky tata…
lek ayas mulai ndelok Arema jamane Joko Susilo, cak Nanang, karo trio Chili iku..aku eleng pas halokes durung muleh sering mencolot pager (SMP 6 ndek Kawi) bablas nang stadion…muleh2 magrib dikamplengi ebes…
yo’opo-yo’opo pancen AREMANIA TIDAK KEMANA-MANA, TAPI AREMANIA ADA DI MANA-MANA……
MALAS UTAS AWIJ
———-aremania.jember———-
2. Hehehehe…podo ae sam aku ndek kene yo ngono, ayas idrek di Maumere ngarakes… FYI, Maumere ki ndek Flores, NTT. Kucoba menyebarkan virus2 Aremania disini, ndek kene onok bengkel sing duwe kera ngalam nasip, bengkele jenenge Bengkel Arema, ayas asaib ngumpul2 ndek kono, y’opo yo…rasane enak ae lek kumpul podo karo kera ngalame, hehe…ayas osi ngomong osob walikan karo arek2…
Lha lek mulih nang ngalam tak usahak2no iso melepas kerinduan nonton Arema, tak belan2i nonton Arema niam masio ojobku kdg mencak2 lek ngerti aku nonton arema, hehehe….emang kadang awak ewed kudu duwe prinsip
AREMA 99%
OJOB 1%
hehehehehe…
Konco2ku arek flores ndek kene mesti wes titip soak Arema lek pas aku ngalup nang ngalam. Dadi ojok salah lek onok wong Flores nggae soak Aremania….hehehehehe….
Salam Satu Jiwa
Jauh Dekat hatiku untuk Arema !!
3. Iki pengalamanku nonton Arema di Jakarta.Waktu mari pertandingan Arema Ayas nggak Kolem hilum nang Ngalam.Ayas nang dulur ndek Bekasi disik selama 1 minggu.Waktu ayas kate Ngalup,ndek Pulogadung dicegat calo-calo Karcis Kera2 Batak sing serem2 iku lho ker.Wah aku diseret kanan kiri dipekso ukut karcis Bis sing Larang Poll.Lha biasane Ngalup Ngalam rego karcise 85 ubir iki dadak njaluk 2 kali lipate yo jelas ayas emoh tah .Sebagai wong Ngalam yo nglawan tah sampek antem-anteman.Tasku sing isine soak dan syal Arema nang kera2 Batak iku diudal-udal isine ee ndilalah yo kok ono kera2 Ngalam sing Idrek ndek Batavia liwat.Dadine kera2 tersebut langsung mbelani aku lan nglawan Calo Karcis Batak.Hasile meski ono lebam2 sithik yo iso mengalahkan Calo2 iku.Eh terus ono silup sing nolong pisan tibak’e wong Nenjap dadine digowo nang pos polisi terus ditukokno Nakam karo Karcis Pisan.Lego atiku Ker..ternyata walaupun di perantauan tapi semangat persaudaraan sesama kera Ngalam sangat kental terjaga…Bravo Aremania….
4. aku pisan rek masio setaon iki kudu PSG ndek sidoarjo aku PSG ndek ELEKTROLUX (servis mesin cuci karo kulkas)
Tapi sampek saiki geteh iki sek biru rek, kuku iki sek lincing, nggoroan iki sek meraung-raung, intine jwa iki sek jiwa2 ongis nade. Untunge wingi arema niam ndek ojraodis, dadi aku iso ngobati kangen ku ambek arema aremania. Tapi sakdoronge ublem nang noidats ono pengalaman ker, aku nang stadion nggowo duwek paspasan(20.000), lah takkiro tekit_e 15san tibake 25ewu. Aku bingung ker, tapi aku tetep pingin ublem. Akhire aku nang omahe uwong seng bien kulkase tau tak servis, terus ambek rai gedek aku nyeleh duwek 5000 nang wonge tak kiro kate di gusak tiba-e wonge kipa ilakes. he he he akhire iso ublem
masio kalah aku tetep salut karo arema, opo meneh karo AREMANIA,
MASIO GAK NGGAWE ATRIBUT KALIAN TETEP AREMANIA SEJATI
atas perhatianya saya ucapkan salam satu jiwa sebanyak-banyaknya.
5. Lha lek ayas seje maneh ker,ayas iki Aremania Blasteran (Sebe Pandaan + Semem Ngalam) aku urip nang Pandaan tapi bwenci karo Sakera opomaneh Bonek. Lha di Pandaan akeh bonek karo sakera,Untunge ayas silup,masio anyaran tapi wis nglekec pistol, dadi ayas lek uklam-uklam mesti nggawe soak Arema karo tak kethokno pistolku,lek onok bonek karo sakera macem-macem yo tak pecah ndas’e karo pistolku. Sakjane aku wis meh berhasil bentuk Aremania korwil Pandaan,tapi pas iku onok oknum sing nggondol Ojire nawak2, deklarasine yo ditunda ker,nawak2 saiki sementara sek dadi Aremania Independent tapi yo wakeh jumlah’e. Mugo-mugo musim ngarep. Arema Balik Kandang nang Gajayana, dadi nawak2 gak kangelan lek kate Nonton Arema pas Niam..Oyi..???
Iki ceritaku, endi ceritamu?

Salam Satu Jiwa




Tidak ada komentar:

Posting Komentar